SELAMAT DATANG DI BLOG SAYA SEMOGA DAPAT BERMANFAAT

Sabtu, 31 Januari 2015

Shalawat Wasiat Mbah Umar


Wasiyate kyai umar maring kita                                                         
Mumpung sela ana dunya dha mempenga
Mempeng ngaji ilmu nafi’ sangu mati
Aja isin aja rikuh kudu ngaji

Dha ngajiha marang sedulur kang ngerti
Aja isin najan gurune mung bayi
Yen wus hasil entuk ilmu lakonana
Najan sithik nggonmu ‘amal dilanggengna

Aja ngasi gegojekan dedolanan
Rina wengi kabeh iku manut syetan
Ora kena kandha kasep sebab tuwa
Selagine durung becat sangka nyawa

Ayo kanca padha guyub lan rukunan
Aja ngasi pisah congkrah lan neng-nengan
Guyub rukun iku mara’ake rasa
Pisah congkrah lan neng-nengan iku dosa

Ing sa’rehne dhawuh rukun iku nyata
Ayo enggal dha nglakoni aja gela
Aja isin aja rikuh aja wedi
Kudu enggal dilakoni selak mati

Mula ayo bebarengan sekolaha
Mesti pinter dadi bocah kang utama
Budi pekertine becik serta tata
Woh-wohane bakal bekti marang wong tuwa

Ing sa’rehne dhawuh rukun iku nyata
Ayo enggal dilakoni aja gela
Ayo sekolah nyang Madrasah Al-Qur’an
Padha ngaji Qur’an ana Mangkuyudan

Cipt : KH. Ahmad Umar Abdul Mannan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar